Tuesday 9 June 2009

MEMBANGUN KELUARGA BAHAGIA....?


BAGAIMANA MEMBANGUN KELUARGA YANG BAHAGIA, KEKAL DAN SEJAHTERA …?
Sebuah uraian hasanah wal hikmah walimatul ‘ursy
Oleh : Barjo Hanugroho


Bapak Ibu, nyuwun pangapunten saderengipun amargi kula kajibah matur kinen ngandaraken mau’idoh hasanah/ ular-ular / piweling-piweling sae kangge nuturi manten. Ing mangka kula pribadi rumaos tasih kirang seserepan lan kirang pengalaman babagan punika, pramila ing ngriki kula dapur sadermi ngaturaken pitutur-pitutur sae ingkang nate kula tampi saking ujaring para pinter alim ulama. Lan piweling punika khususipun kula tujukaken dhumateng putra temanten kekalih.
Sagung para rawuh para lenggah ingkang satuhu kula urmati, khususipun dhumateng putra temanten sakaliyan ingkang berbahagia.
Sinten kewala pinyantun ingkang sedya mangun kulawarga / nikah utawi omah-omah, punika rikala awalipun mesti kewala gadhah panggayuh gadhah idam-idaman, kados pundi supados samangke saged mbina lan mujudaken kulawarga ingkang bahagia , sejahtera lan kekal. Bahagia punika tegesipun saged ngaraosaken gesang ingkang ayem (aman), tenterem lan pikantuk kedamaian. Dene sejahtera punika tegesipun gesangipun kacekapan pangan, sandang, papan ugi kesehatan lan saged katampi wonten sesarawungan ing masyarakat. Dene kekal punika ngemu teges kulawarga ingkang dipunbangun punika saged langgeng, secara lahiriah boten badhe putus amung kejawi menawi salah setunggalipun sedha lan secara batiniah tetep mujudaken pasangan ingkang bahagia wiwit donya ngatos akhirat.
Sapunika tuwuh satunggaling pitaken punapa tiyang ingkang mangun kulawarga mesti kasembadan saged mbina kulawarga ingkang bahagia sejahtera lan kekal ? jawabipun wonten ingkang kasembadan lan wonten ugi ingkang boten kasil.
Niyat awalipun mangun kulawarga punika gadhah panggayuh murih bahagia (ayem, tenterem lan damai) anjanging ingkang dipun alami malah kosok wangsulipun inggih punika : tercekam, menderita lan tersiksa.
Niyat awalipun sedya mangun kulawarga ingkang kekal, ananging kasunyatanipun wonten ingkang putus ikatanipun.
Kanthi punika prelu sanget kanggenipun piyantun ingkang sedya lan ingkang sampun mangun balewisma, punika kedhah mangertosi saestu lan nyadari pentingipun ngokohaken pondasinipun bangunan kulawarga.
Punapa ingkang dados pondasi bangunan kulawarga punika ?
Paling boten wonten 3 perkawis :
1. dasaripun/ lelandesanipun nikah kedah leres
2. Alesanipun nikah ugi kedah leres
3. Ancas utawi tujuanipun nikah inggih kedah leres.
Dasaripun nikah
Supados saged mujudaken kulawarga ingkang bahagia, sejahtera lan kekal, piyantun ingkang nikah punika kedah dipunlandesi/ didasari keyakinan ingkang kiyat bilih :
1) Nikah punika nindakaken dawuhipun Allah (Sunnatullah) ateges nikah punika dipun landesi kanthi niyat ibadah, ateges badhe pikanthuk pahala menawi dipuntindakaken kanthi saksae-saenipun, kosok wangsulipun badhe pikanthuk pidhana dosa menawi boten dipuntindakaken miturut paugeraning agami.
Klebet sesambetan suami isteri punika sampun penak malah pikantuk pahala.frimanipun Allah wonten Surat An Nur
(#qßsÅ3Rr&ur 4‘yJ»tƒF{$# óOä3ZÏB tûüÅsÎ=»¢Á9$#ur ô`ÏB ö/ä.ÏŠ$t6Ïã öNà6ͬ!$tBÎ)ur 4 bÎ) (#qçRqä3tƒ uä!#ts)èù ãNÎgÏYøóムª!$# `ÏB ¾Ï&Î#ôÒsù 3 ª!$#ur ììÅ™ºur ÒOŠÎ=tæ ÇÌËÈ
32. Dan kawinkanlah orang-orang yang sedirian[1035] diantara kamu, dan orang-orang yang layak (berkawin) dari hamba-hamba sahayamu yang lelaki dan hamba-hamba sahayamu yang perempuan. jika mereka miskin Allah akan memampukan mereka dengan kurnia-Nya. dan Allah Maha Luas (pemberian-Nya) lagi Maha mengetahui.

[1035] Maksudnya: hendaklah laki-laki yang belum kawin atau wanita- wanita yang tidak bersuami, dibantu agar mereka dapat kawin.

2) Nikah punika ngleksanani sunaturasulullah
Annikahu sunnatii, waman raghiba ’an sunnatii falaisa minnii (H.R Bukhari-muslim)
Kanthi pangertosan lan kasadaran bilih nikah punika dasaripun ibadah, netepi dawuhipun Allah lan Rasulullah, piyantun badhe njagi lan nindakaken jejibahan ing dalem berkeluarga pnk kanthi saksae-saenipun, berkeluarga dipunsadari mingangka ladang amaliyah ibadah ( sejtosipun sholat kula, ibadah kula, gesang dan pejah kula namung kangge allah pengeran jagad saisine), boten badhe nyia-nyiakan kesempatan berkeluarga pnk kangge bab-bab inbgkang boten sae. Boten badhe ganpil putus asa ngadepi pacoben ing dalem berumah tangga.
Alesanipun nikah
Supados saged mujudaken kulawarga ingkang bahagia, sejahtera lan kekal, piyantun ingkang nikah ugi kedah gadah alesan ingkang leres kengeing punapa piyambakipun nikahi si fulan ?
a) hartanipun b) keturunanipun c) kecatikanipun, utawi agaminipun ingkang sae.
Rasulullah sampun paring tuntunan HR. Bukhari Muslim :
TUNKAHUL MAR’ATU LI ARBA’I
TUNKAHU MAR’ATU LI MAALIHAA
TUNKAHU MAR’ATU LI HASABIHAA
TUNKAHU MAR’ATU LI JAMAALIHA
TUNKAHU MAR’ATU LIDIINIHAA

FAD-FAR BIDZAATIL DIINI
TARIBAT YADAKA.
Wanita iku dinikahi amarga 4 perkara :
Wanita iku dinikahi amarga sugih hartane
Wanita iku dinikahi amarga keturunane wong drajat
Wanita iku dinikahi amarga kecantikane
Wanita iku dinikahi amarga apik agamane

Pilihen wanita kang apik agamane,
Sira bakal selamet.

Tujuanipun nikah
Supados saged mujudaken kulawarga ingkang bahagia, sejahtera lan kekal, piyantun ingkang nikah kedah mangertosi lan ngugemi saestu tujuanipun nikah ingkang leres : Q.S Ar rum 21 :
Ø Supados ayem tentrem
Ø Supados mbina kulawarga ingkang kebak kasih lan sayang ( kulawarga sakinah,mawaddah warahmah)
ô21. Dan di antara tanda-tanda kekuasaan-Nya ialah Dia menciptakan untukmu isteri-isteri dari jenismu sendiri, supaya kamu cenderung dan merasa tenteram kepadanya, dan dijadikan-Nya diantaramu rasa kasih dan sayang. Sesungguhnya pada yang demikian itu benar-benar terdapat tanda-tanda bagi kaum yang berfikir.

Kejawipun mangertosi dasar, alesan lan tujuanipun nikah ingkang lesres kalawau, supados saged mujudaken kulawarga ingkang bahagia, sejahtera lan kekal :
1. Wontenipun raos saling pengertian : Suami ngerti kewajibanipun, isteri ugi mangetosi jejibahanipum. Suami isteri saling ngrerti lan memahami kawontenanipun,kelemahan lan kelebihanipun pasanganipun. Nuntut samukawis di luar kemmpuan pasanganipun, punika samukawis ingkang boten pas lan ampun dipunlampahi.
Sekedar ngetaken mawon pnp kuwajibanipun suami ? Ngayomi, mbimbing isteri, paring nafkah lair lan batos jumbuh kaliyan kemampuanipun, WA’ASYIRUU HUNNA BIL MA’RUF, mempergauli isteri kanthi cara ingkang becik. Menawi pirsa wonten ingkang boten ngremenaken wonten isteri bersabarlah, saged ugi Allah ndadosaken samukawis ingkang miturut manungsa punika boten sae, justru dhatengaken kesaenan ingkang kathah.
Lajeng punapa kuwajibanipun isteri : taat dhumateng suami jer punika boten kinen bermaksiyat dhumateng allah. Isteri ingkang sae ngendikanipun Rasulullah :
KHOIRUN NISAA-I : MAN TASURRUKA IDZAA ABSHORTA : WA TUTHI’UKA IDZAA AMARTA : WATAH-FADU GHOIBATAKA FIINAFSIHAA WA MAALIKA.
2. Saling nampi kasunyatan
Tiyang ingkang iman, pitados bilih rixki, jodo lan pati punika wonten panguwasaning gusti Allah, mila boten saged dipunetang kanthi matematis. Pramila jodoh kita kedah kita tampi kanthi mannah ingkang ikhlas.
3. Saling memupuk rasa cinta
4. Sabar nampi ujian rumah tangga
5. suka memaafkan
6. ulet lan tekun dalem berusaha lan berdoa.

0 comments:

Post a Comment

 
Design by Automotive | Bloggerized by Free Blogger Templates | Hot Deal